Musim udan kiye madan kebangeten. Lha umahku kebanjiran
duwur banget nganti sepinggang. Biasane seduwur-duwure ya sepaha. Apa memper? Kiye
banjir sing paling jero nanggone aku nang Tambun Bekasi.
Perumahan Graha Prima Tambun pancen rawan banjir. Jere
wilayah kiye mbiyen bekas rawa terus dibangun perumahan. Dadine ya banyu pada
maring kono ngger udan. Makane ngger udane gedhe daerah kuwe kleleb banyu.
![]() |
| Aku nang pengungsian, tapi malah kebanjiran maning |
Sebenere aku ya kepengin pindah, tapine keprimen maning ya. Arep
tuku umah nggo ngapa, siji be ora entong. Tapi gara-gara ora pindah akhire aku
kebanjiran terus mben tahun.
Saiki lantai umah arep tek duwurna tapi ya kudu semester paling
ora, men ora tanggung. Masalahe rega
urugan larang temen. Siji trek regane Rp1,5 juta, kuwe kur nggo 7 meter. Lha
ngger umahku ukuran 100 meter diurug kabeh ya butuh 14 trek. Artine butuh duwit
Rp21 juta kur nggo ngurug thok. Apa memper maning. Rega urugan larang banget
siki. Dadine mumet aku ngger mikir umah kebanjiran.
Pancen ora gampang ngurusi umah banjir, jebule. Arep tuku
maning, umah siki regane atusan juta rupiah. Malah rega umah siki wis pada miliaran rupiah.
Lha madan ora memper jamane kiye.
Pejabat kadang ngomonge ngawur. Jerene, wong sing omahe nang
pinggir kali dikon pindah men ora kebanjiran. Lha emange pindah ora butuh duit?
Ngger duite ana sih wong nang pinggir kali pada pindah neng apartemen. Duite
kuwe sing langka, **blog! Mulane pejabat karo pengamat ngger ngomong aja
asal-asalan.
Wah ngapunten, kulo dadi emosi niki…matur nuwun. Rihad Wiranto, wong Somagede, Banyumas..

